Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa

Bagai sahabat pembaca diluar sana yang saat ini sedang mencari referensi contoh teks pranatacara dalam bahasa Jawa, berikut ini saya sajikan kumpulan teks pranatacara bahasa Jawa untuk berbagai acara. Silakan disimak, dan semoga referensi ini bermanfaat bagi Anda.

Contoh Naskah Pranata Acara Halal Bihalal


Assalamualaikum Wr.Wb

Sak derengipun sumongga kula derekaken memuja lan memuji dumateng ngarso dalem Allah SWT ingkan smpun paring rahmat, taufik hidayah sarta inayah ugi ing wedal dalu punika mboten karaos kulo panjenengan tansh pinaringan nikmat kesehatan, kesempatan, iman lan islam. Shalawat saha salam mugi katetepaken wonten ngarso dalem Nabi Agung Muhammad SAW inggkang dipun tengga syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah.

  • Para hadirin rahimatullullah ingkang dipun mulyakaaken dening allah SWT, ugi katur dumateng panjenenganipun Bp. Lurah….(nama pejabat daerah) ingkang kawula hormati.
  • Panjenenganipun Al mukharom Bp Kyai…(nama ustad) ingkang kawula hormati
  • Panjenenganipun para pinisepuh-saha sesepuh wonten ing padukuhan dukuh….(nama desa) sowanipun ingkang hanggung mastuti dumateng popayaning kautamen ingkang pantes nampi pakurmatan.
  • Boten katalumpen kunjuk panjenenganipun para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi ingkang pinangka kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.
  • Para tamu undangan ingkang satunggal bapa satunggal mboten saged kawula sebataken ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Gegandengan wedal sampun winanci, pramila pangaosan sak lebetipun acara halal bihalal ingkang diwontenaken rutin setunggal tahun sepindah wonten ing dukuh…(nama desa) leresipun wonten dalemipun…(nama tempat diadakan acara halal bihalal). kaparengo kula sumawelo atur soho ngigeg anggen panjenengan wawan pangandikan punapa dene imbal wacana ingkang saperlu badhe ngaturaken urut reroncening adicara wonten ing dalu punika.

Menggah rantamaning adicara Halal-bihalal ing ratri punika nuwun inggih:

Gegandengan wedal sampun winanci, pramila pangaosan sak lebetipun acara halal bihalal ingkang diwontenaken rutin setunggal tahun sepindah wonten ing dukuh…(nama desa) leresipun wonten dalemipun…(nama tempat diadakan acara halal bihalal). kaparengo kula sumawelo atur soho ngigeg anggen panjenengan wawan pangandikan punapa dene imbal wacana ingkang saperlu badhe ngaturaken urut reroncening adicara wonten ing dalu punika.

Menggah rantamaning adicara Halal-bihalal ing ratri punika nuwun inggih:

  1. Pambuka
  2. Gema Wahyu Ilahi punapa dene waosan ayat suci Al Qur’an.
  3. Prakata Panitia
  4. Ikrar halal bihalal
  5. Inti acara Halal bihalal
  6. Penutup

  • Bilih adicara ingkang sepindah Pambuka : sumangga adicara halal bihalal punika dipun bukak kanti waosan umul kitab ” Al-fatiqah”
  • Sampun paripurna adicara pambuka pramila adicara ingkang angka candak ipun nuwun inggih waosan Gema wahyu Ilahi puanapa dene waosan ayat suci Al Quran ingkang bade kasarira dening kadang kula anem : Sdr……(Qori’) dene ingkang maos sari tilawah (pembaca arti ayat dalam Qur’an) kapiji dening Sdri….
  • Purno diniro Gema wahyu ilahi badhe kapacak menggah rantamaning adicara Prakata panitia. Prakata panitia dipun wedhar dening Prakata sambutan saking kepala kelurahan ….( nama pejabat daerah setempat). lanjut Prakata panitia pelaksana (nama ketua panitia pelaksana).
  • Ikrar halal bihalal : bilih ingkang badhe hangaturaken ikrar halal bihalal minangga sulih sariro saking kadang pemuda kapiji Sdr…wondene ingkang badhe nampi pinangko wakil saking tiyang sepuh kapiji panjenganipun Bp…(nama wakil dari pihak orang tua/tokoh masyarakat)
  • Inti acara halal bi halal punapa dene Maedho khasanah ingkang badhe kasariro panjenenganipun Al mukharam Bp Kyai …(nama ustad) lan ing pungkasaning pengaosan punika kaparengo katutup kanti wasilah doa.
  • Penutup

Sang ya ning para hadirin ingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT ingkang agung sinenggo ing akrami. Mbok bilih sampun paripurna anggen kawula hangayahi jejibahan pinangka pranata acara halal bihalal wonten ing ratri punika, pramila bilih wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur. Ugi hambok bilih wonten kelepataning atur kawula, mbok bilih dadosaken kurang renaning penggalih wonten ngarsa panjenengan kula tansah nyuwun agengeng pangapunten.

Akhirul kalam wabilahi taufik wal hidayah,

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Contoh Teks Pranatacara Hari Guru



السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْمَانِ وَاْلإِسْلاَمِ. وَنُصَلِّيْ وَنُسَلِّمُ عَلَى خَيْرِ اْلأَنَامِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ


Ingkang kawulo hormati kepala sekolah (............)
Ingkang kawulo hormati bapak soho ibi guru sekolah (...........)
Ingkang kinurmatan lan kawulo tresnani konco-konco sedoyo sekolah (...........)

Puji syukur Alhamdulillah ing saat puniko kito taseh dipun paringi kenikmatan saking Allah SWT sehinggo kulo lan panjenengan sedoyo saget makempal dalam rangka peringatan dinten guru wonten ing sekolah meniko ingkang mboten wonten halangan ingkang berarti.

Sholawat soho salam, mugi-mugi kahatur dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW lan mugiyo muleber dumateng shohabat lan umat setanipun Amin.

Hadirin ingkang kawulo hormati

Kawontenanipun kawulo ten mriki minagkaning jejibahan pembagi wekdal utawi pranatacara ing saat enjing meniko wonten peringatan dinten guru, menikolah susunan acara ingkang bade kalampah.

Adicoro ingkang sepindah inggih puniko pembikaan
Adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko sambutan saking ketua panitia
Adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko sambutan saking ketua OSIS
Adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko penampilan saking kelas (............)
Adicoro ingkang ongko gangsal inggih puniko sambutan saking dewan guru
Adicoro ingkang ongko enem inggih puniko sambutan saking kepala sekolah
Adicoro ingkang ongko pitu inggih puniko pengumuman lomba
Adicoro ingkang terakhir do'a penutup

Contoh Teks Pranatacara Acara Sekolah


Assalamu'alaikum Wr.Wb

Bapak Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara, inggih menika :

1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates
6. Panutup

Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun.

Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas XII, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur suwun.

Penutup


Teks Pranatacara

Demikian beberapa contoh teks pranataacara yang dapat saya share di kesempatan ini, semoga kumpulan contoh teks pranata acara bahasa Jawa diatas berguna bagi sahabat pembaca.


0 comments

Post a Comment